oleh : M. sirojul Umam
Menuntut ilmu nang tribakti uenak rasane
Urip lan suasanane akeh lucune
Arep sekolah ilang sepatune
Budal nyeker to panggah pede
Wayahe pelajaran mlayu nang wc
Kadang-kadang kantin tujuanne
guk ngiro terkadang ono bocah mlebu BP
ojo gumun yeng nang kelas akeh turune
Amargo akeh lan kebak kegiatanne
kadang kalo guru nerangne jarang di rungokne
lain iwak lain ladange
Ora di rasa-rasa teko puncakke
Kadang mumet mikir pelajarane
Sekolah diniyah akeh tembelane
Liyo dino liyo lakone
Slintat-slintut mangan iwak lele
Kecantol cewek tambah mumete
duwe pacar seng di dambakke
sing wes duwe lancar mitinge
yen durung duwe seng sabar wae
kumpul bareng rame-rame
Rokok,janjan lan kopi konco cangkruane
Sopo ngerti nang omah wes di karepake
Bocah ayu ,cukup lan apik akhlake
kanti nerimo opo anane
cerito iki mung sebagiane
saking seribu satu kisahe
al- mahrusiyah panggonane
romo haji imam yahya kiyaine
kanti golek rahmat, barokah lan syafa'ate
ojo sampek di laliake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar